Lirik Aku Kangen Bojomu by Nella Kharisma

Lirik Lagu Aku Kangen Bojomu by Nella Kharisma


[I]
Tak jaluk gedhe sepuromu
Yen aku kangen karo bojomu
Nadyan gawe remok batinmu
Nanging lilakno bojomu

[II]
Aku ra nyejo
Aku ra nyongko
Ati iki nandang asmoro
Mung tetepno atiku
Selawase aku tresno bojomu

Saktenane atiku pancen kangen bojomu
Ra keno pisah mergo tresno wis kadung jeru
Sing tak jaluk mung siji teko awakmu
Ikhlasno bojomu yen tak pek dadi bojoku

Ra perlu tak rapalne mantaro sing komat kamit
Mergo sakjane tingkahe bojomu sing amit amit
Sakiki kabeh wis dadi lelakonku
Lelakon aku arep ngepek bojomu

Ulangi [I], [II]

Opo pancene koe trahe ra iso mikir
Tak kiro pancene awakmu kui sing rodo kenthir
Ora tambah pinter nanging utekmu tambah mlintir
Pantes wae yen bojomu saiki banting setir

Mulo saiki kabeh ceritane wis bedo
Ra usum koyo crito wayang romo lan shinto
Usume saiki konco yo tego mangan konco
Yen panggah ra trimo men e tak kepruk boto

Ulangi [I]  2X

Aku ra nyejo
Aku ra nyongko
Ati iki nandang asmoro
Mung tetepno atiku
Selawase...
Mung tetepno atiku
Selawase aku tresno bojomu

Video Klip Lagu Aku Kangen Bojomu by Nella Kharisma