Lirik Lagu Nasib by Nella Kharisma - Lagista
[I]
Petang taun aku ngamen turut ratan
Tak rewangi nganti koyo wong edan
Panyuwunku marang gusti kang kuwoso
Mugi uripku tambah mulyo
[II]
Tak lakoni nganti roso ikhlas batin
Nadyan manganku mung sego kucing
Nyambut gawe rekoso nganti ora eling
Tak belani nganti ra nduwe isin
[III]
Wayah wengi kulo kang tansah memuji
Nyuwun berkah saking ilahirobbi
Mugo kabeh tansah pinaringan rizki
Biso kabul lan ugo mbarokahi
[IV]
Konco-konco kabeh ayo podo dungo
Ojo gelo yen durung dikabulno
Yen durung wancine pancen urip soro
Semangat lan tetep makaryo
[V]
Semangat lan makaryo
Semangat lan makaryo
Ulangi [I], [II], [III], [IV], [V]
Semangat lan makaryo
Semangat lan makaryo
Video Klip Lagu Nasib by Nella Kharisma - Lagista